Penulis: Prof. DR. Kuswaji Dwi Priyono, M.Si.

Geopark Banyuwangi
Penulis: Prof. DR. Kuswaji Dwi Priyono, M.Si.
(Dosen Fakultas
Geografi Universitas Muhammadiyah Surakarta)
Nang pucuk gunung
nganti tepi segoro,
Bumi Banyuwangi
nyimpen crito.
Lempung, watu,
banyu lan angin,
Ngandika:
"Aku iki pusoko kang linuwih lan adiluhung."
Geopark dudu mung
panggonan dolan,
Nanging kitab alam
sing kudu dipelajari bareng.
Ana jejak urip,
ana napas jaman,
Sing kudune
dijaga, ora mung digelar kagem tamu lan tamasya.
Yo rek, ayo podo
eling lan waspada,
Geopark iki
warisan saka simbah-simbah kita.
Saka alas nganti
pesisir,
Kabeh nyambung
dadi roh lan urip Banyuwangi sing bener-bener asli.
Ayo petani,
nelayan, guru lan santri,
Kita guyub rukun,
raket kaya tali.
Ngresiki kali,
ngrawat wit-witan,
Nglereni gawe
rusak demi keuntungan sesaat.
Sing penting dudu
gedhene proyek,
Nanging tresnane
rakyat marang lingkungan sing nyekrek.
Yen alas isih ijo,
banyu isih mili,
Anak putu kita
besok iso urip ayem lan mulyo.
Nguri-uri budaya,
nresnani bumi,
Wis wayahe Bali
Blambangan iki njaga harmoni.
Geopark Banyuwangi
dudu mung jeneng,
Nanging janji,
kanggo urip bareng sing luwih bening.