Penulis: Prof. Kuswaji

Peta Kanggo Joyontakan
Oleh Prof. Kuswaji
(Dosen Fakultas
Geografi Universitas Muhammadiyah Surakarta)
Nglumpuk klapa
neng pinggir kali,
Disawuk bareng
karo sedulur.
Geografi tumindak
kanthi ati,
Gawe peta kanggo
masyarakat makmur.
Mlaku-mlaku neng
Pasar Kliwon,
Tuku jamu lan
klepon manis.
Peta digawe ora
mung tontonan,
Nanging dadi
tuntunan sing cerdas lan tulus.
Mangan pecel karo
rempeyek,
Sak lawase tetep
nyawiji.
Warga Joyontakan
guyub lan sregep,
Ngerti fungsi peta
kanggo mbangun negari.
Ngumbah klambi
neng pinggir sumur,
Angin semilir
ngingetne omah.
Peta dudu mung
gambar lumur,
Nanging jembare
pangarep-arep sing cerah.
Ngopi bareng neng
gardu ronda,
Crita desa, crita
masa ngarep.
Geografi rawuh ora mung srawung semata,
Nanging nglantarake pangerten lan harap.